SERAT WIDHATAMA TEMBANG KHINANTI KELAS VII
Tembang khinanti
- Ringkasan
Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi. Tembang Kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di-. Dadi kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahake.
A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi
Kinanthi
Marma den taberi kulup,
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den anedya,
Pandak-panduking pambudi,
Mbengkas kahardaning driya,
Supadya dadya utami.
- Pupuh Kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada. Sapada tembang Kinanthi duwur menika kawiwitan saka tembung Dhuh dewa tekan tembung mami.
- Guru gatra saben sapadane tembang Kinanthi ana 6 gatra.
- Guru lagu lan guru wilangane tembang Kinanthi yaiku 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, lan 8i.
B. Ajaran pupuh Kinanthi
- Ngasah perasaan supaya nyingkirke hawa nafsu supaya dadi manungsa sing mulya kanthi gambarake wong akeh supaya entuk ketentraman ati lan jiwa.
- Tansah waspada supaya mawas diri lan ngilingake rasa ragu ning njero ati supaya mantep kanggo nglakoni kebajikan.
- Ngilangake rasa cemburu, ora nganggu wong liya, lan nahan hawa nafsu nanging mung sepi dadi ayem tentrem.
- Piwulang sing ngetutke hal kang becik ingkang wes diajarke gawe ngolehake kemuliaan
- Ngelingke manungsa ben eling lan waspada, maksude eling yaiku ileng marang petunjuk utowo pelajaran kang dikei saka alam (eling alam)
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar