MATERI TENTANG OMAH ADAT JAWA

Joglo iku salah siji wangun omah tradisional ing Jawa Tengah. Saliyané joglo ing Jawa Tengah uga ana wangun omah limas. Omah Joglo duwèni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki. Biasané omah joglo iku ana gebyogé kanggo pepaès. Omah Joglo dumadi saka rong pérangan utama yakuwi Pendhapa lan dalem. Bagéan pendhapa arupa bagéan ngarep sing nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasané dipigunakaké kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan lan ruangan liya sing sipaté luwih pribadi. Ciri-ciri bangunan joglo yakuwi bagéan payon pendhapané dhuwur kaya gunung.
Bagian:
1. Pendhapa: diapit Pengrawit apitan lan Tajuk mangkurat
2. Pringgitan neng tengah-tengah
3. Dalem ageng utawa dalem: sing dipérang manèh dadi 3 bagian yaiku: Senthong kiwa, Senthong tengah lan Senthong tengen
4. Gandhok lan pawon
Jenis Variasi Bangunan Joglo
1. Joglo limasan lawakan utawa “joglo lawakan”.
2. Joglo Sinom
3. Joglo Jompongan
4. Joglo Pangrawit
5. Joglo Mangkurat
6. Joglo Hageng
7. Joglo Semar Tinandhu
Ciri-cirine omah Joglo :
* Payone kang dhuwur
* Nduweni gebyoge (tembok kayu gunane kanggo mbatesi senthong tengah karopringgitan digawe seko kayu jati)
* bagian payon pendhapane dhuwur kaya gunung.
Bagian omah joglo :
- Pendhapa
Pendhapa arupa bagéan ngarep sing nduwèni ruangan jembartanpa sekat-sekat, biasané dipigunakaké kanggo nampatamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggosantai kulawarga.
- Tiang (saka) omah joglo
Saka guru wonten 4, ngelambangkake tentang mata angin (lor,wetan, kidul, kulon)
Saka pengarak wonten 12
- Pringgitan
Panggonane ning mburi pendopo, nempel karo ndalem (omah sing bagian ndalem). Fungsine kanggo nampa tamu.
- Dalem Agung
Ndalem utawa omah njero iku fungsine kanggo ruang keluarga.Ing ndalem iki, wonten 3 senthong utawa kamar. Senthong tengen, senthong tengah, lan senthong kiwo.
- Senthong
- Senthong tengen Yaiku
Fungsine kanggo peturon sing nduwe griya.
- Senthong Tengah Yaiku
Senthong tengah (Pasren) biasane, panggonan iki fungsine kanggo tempat tidur lan kanggo penyembahan kanggo Dewi Sri utawa dewi kesuburan lan kemakmuran.
Lan biasane kanggo nyimpen beras utawa nyimpen palawija.
- Senthong Kiwa Yaiku
Fungsine biasane kanggo nampung beras, padi, palawija, lan sakliyane (kacang, kedelai, jagung)
- Gandok / pawon
Fungsine kanggo kamar kecil utawa kanggo masak ning bagian mburi omah joglo
Tidak ada komentar:
Posting Komentar